Rabu, 23 Mei 2012

DOLANAN BOCAH JAWA


Bèkelan iku sejatiné arupa dolanan bocah kanggo ngisi wektu ngaso sekolah. Bèkelan iku dhéwé nduwé piranti yaiku :

  • Bal karet seukuran bola pingpong
  • Timbel sing bentuke gèpèng kaya kacang kulit, ana titik-titiké.

Dolanan iki ana aturané, tegesé aturan iku mau ora béda karo lakoné urip manungsa, yaiku :
  • Bal diumbulake kae maknané : Menungsa kudu éling marang Gusti Pangeran, ning kudu kèlingan sing nang ngisor yaiku seduluran utawa bebrayan,
  • Bar kuwi biji lima diraup, didadèkné siji terus disebar, maknané : Manungsa kuwi sedulur kabeh ayo bebrayan neng alam donya iki kudu rukun amarga tuntunane asale seka siji yaiku Gusti Pangeran.
Kenapa sak wise nguncalake bal terus malik timbel saka urutan 1, 2, 3,4 teka 5. yaiku tegese manungsa urip iku kudu manut karo aturan utawa tuntunan sing jelas lan gamblang lan ora kena nafsu amarahe thok kudu kabeh nganggo sing padha welas asih marga kabeh iku mau ana kaitane siji lan sijine.
  • Angka 1 tegese manungsa iku kudhu nyawiji, yaiku searah lan tujuanne mung kanggo sing gae urip yaiku Gusti Pangeran, manut perintah lan adoh saka larangane
  • Angka 2 tegese manungsa iku ana dhasare yaiku benar saka lahir lan batinne.
  • Angka 3 tegese manungsa iku bisa pilah-pilah endi sing bener endi sing salah.
  • Angka 4 tegese manungsa iku kudu bisa nglaksanakne yaiku geguyub karo sedulur kaya senenge menungsa karo Gusti Pangeran.
  • Angka 5 tegese sapa sing tumindak bener lan njalanke perintahe Gusti Pangeran yaiku kang bakal urip mulya lan tentrem.

Benthik
Benthik utawa gatrik, kuwi dolanan kanggo cah nom-noman. Kira-kira umur 6-12 taunan. Sing mèlu dolanan paling sithik loro, amarga gentènan lan mengkoné ana sing luwih unggul katimbang kancané. Piranti sing dibutuhaké arupa kayu gilig diameter +/- 3 cm
Gobag Sodor
Gobag Sodhor yaiku salah sawijiné dolanan ing tlatah Jawa kang dimainaké karo 3-5 bocah. Gobag sodor uga diarani Galah asin, galasin. Dolanan iki carané yaiku ngadhang-adhangi mungsuh supaya ora nglewati bates garis kanthi bolak-balik, lan salah siji gegrombolan kudu isa ngléwati garis kanthi bolak-balik ing lapangan kang wis katentokaké. Dolanan iki biyasané dilakokaké ing pelataran badminton kanthi garis-garis lapangan kang dinggo pathokan, utawa nganggo pelataran segi papat kanthi ukuran 9 x 4 kang dibagi dadi 6 bagéyan. Garis wates saben bageyan diwènèhi tandha nganggo kapur. Gegrombolan kang jaga ing lapangan dibagi loro, yaiku anggota gegrombolan kang njaga garis ing wates mau. Dolanan iki gawé ati seneng, lan rada angèl merga kabèh sing dolanan kudu lincah lan gesit supaya menang. Tembung "go-bag-so-dor" yen diwaca utawa diucapke mirip banget uniné lan uga maknané karo tembung basa Inggris "go back through the door" sing tegesé mlaku/mlayu "bali ngliwati lawang". Ya pancèn cocok kahanané, nanging apa bener yen dolanan iki uga padha karo dolanan saka negara Inggris.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar