Rabu, 23 Mei 2012

GAMELAN JAWA

1. GENDER
Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur. Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.

Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
2. KENDHANG
http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/88/Traditional_indonesian_drums.jpg/220px-Traditional_indonesian_drums.jpg
Kendhang iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
3. REBAB
Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar